- PAMBUKA -
I. MANUNGSA KEDAH NGABEKTI DHATENG GUSTI.
1. Manungsa kedah nyenyuwun dhateng Allah sembah pangabekti kula konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci, Amin.
2. Sadherek kula sadaya tiyang sepuh jaler estri, ingkang maca lan ingkang miyarsi sumangga angluhuraken.
3. Amring Allah ingkang Maha Kuwasa bumi langit saisine srengenge rembulan lintang sadaya Allah ingkang akarya
4. Manungsa sadayanipun Allah ingkang paring gesang bapa biyung mung lantaran nglairaken sejabang bayi
5. Sadaya titahing Allah kang kumelip aneng donya ingkang dados ratunipun lan tiyang bangsa manungsa.
6. Allah mboten ngemungaken ngratoni sakehing titah kang kecadang Kratoning Suwarga mung manungsa ingkang ngabekti.
7. Manungsa ingkang bangga tan purun ngabekti cinadang kinarya ing geni naraka ingkang langgeng.
8. Eh, sadherek kawula sumangga dipun penggalih Suwarga menapa naraka pundi ingkang dipun pilih.
9. Yen kedah milih Suwarga kedah nglakoni dhawuhing Allah pepakon kaping sadasa lan dhawuhing Pasamuwan Suci.
10. Den mantep lahir batin sampung nggampilaken parentahing Allah menika ingkang murungaken.
5.11. Manungsa ingkang sejati kedah emut ing asalipun inggih asal saking Allah mila kedah angluhuraken.
12. Ing donya saisinipun Allah anggenipun nitahaken amung nem dinten mangka dinten amung pitu.
13. Ingkang sadinten pakendelan tiyang kedah sami kendel ing dinten ingkang kapesti inggih menika dinten ngahad.
14. Manungsa kedah sembahyang ngaturaken panarima dhateng Allah kang satuhu ingkang paring rinten dalu.
15. Manungsa ingkang wiwitan Bapa Adam lan Ibu Kawa ing nalika taksih suci manggen ing taman aji.
16. Sareng nerak lelarangan, kabucal dhateng ing donya, nyambut damel ingkang awrat saturunipun sadaya.
17. Bapa Adam sampun supe dhateng dhawuhipun Allah, kawula makaten ugi sok nerak awisanipun.
18. Mila Allah langkung bendu dhateng sakathahing bangsa, kasusahan ingkang wonten kang jalaran tampi siksa.
19. Eh, sadherek kula sami, sadaya kula aturi, martobata dhateng Allah mumpung taksih wonten donya.
20. Yen sampun kalajeng pejah, mboten angsal pangapura sapinten dosaning jalmi yen mertobat Allah ngapura.
21. Aduh Gusti ingkang mulya, ingkang abdi sami nyenyuwun, paring Dalem Roh ingkang Suci madhangi tiyang pitados. Ing salami-laminipun. Amin.
II. ING NALIKA JAMANIPUN NABI ENUH.
5.1. Ing nalika jamanipun Nabi Enuh, tiyang sampun kathah sami kasupen dhateng Allah ingkang paring gesang, manungsa sami nyembah ing brahala.
2. Manut senengipun piyambak mboten purun miturut dhawuh lan mboten purun ngabekti tuwin ngaturaken panarima dhateng Allah.
3. Bangsa menika ingkang dipun anggep Allah sarta ingkang dipun bekteni amung barang ingkang katingal ing mripatipun inggih menika kajeng sela tuwin reca.
4. Mila Gusti Allah ingkang sanyata langkung bendu dhateng tiyang menika, bumi ingkang dipun remeni badhe kasirnakaken kakelem ing toya ageng.
5. Nalika menika ingkang katrimah dening Allah namung satunggal inggih menika Nabi Enuh tiyang ingkang sae bebudenipun.
6. Mila Gusti Allah ngluwaraken saking bebaya wau, Nabi Enuh kadhawuhan damel baita kangge ngungsi sak anak rakyatipun.
5.7. Sarehning Nabi Enuh ajrih dhateng Gusti Allah sarta pitados dhateng pangandikanipun, mila lajeng-lajeng adamel baita ingkang langkung ageng.
8. Anggenipun damel baita laminipun ngantos satus taun saderengipun banjir bandhang Nabi Enuh tansah nerangaken dhateng tiyang.
9. Supados andhereka ngungsi dhateng baitanipun nanging sadaya tiyang mboten pitados malah moyoki lan maiben dhateng piwulangipun.
10. Sampun dumugi dinten bebendhu, Gusti Allah ngengakaken sumbering toya saking nginggil saking ngandhap bumi kelem saisinipun sadaya.
5.11. GUSTI ALLAH SAMPUN DHAWUH…………
12. Sareng toya sampun asat, Nabi Enuh medhak saking baita lajeng manggen ing bumi gunggung tiyang kawan jodho ingkang kasebat bangsa enggal.
13. Jamanipun Nabi Enuh kadamel prasemon jaman samenika tiyang ing donya kathah kang kasupen dhateng Allah manut senengipun piyambak.
14. Mila Allah badhe niksa tiyang sadaya ingkang mboten purun nglampahi dhawuhing Gusti ingkang kadhawuhaken pasamuwan ingkang sanyata.
15. Tiyang ingkang ngabekti dhateng Allah sarta ingkang netepi dhawuh kaluwaraken saking siksa lajeng kacadang Kratoning Suwarga salaminipun.
16. Nabi Enuh ngungsi dhateng baita tiyang Kristen pangungsenipun dhateng Greja amirengaken dhawuhing Allah menika margi dhateng Suwarga.
III. NABI IBRAHIM KATRIMAH DENING ALLAH.
5.1. Sinten ingkang asma Nabi Ibrahim inggih menika leluhuripun sadaya tiyang ingkang ajrih sarta ngabekti dhateng Allah ingkang sanyata.
2. Gusti Allah sampun dhawuh dhateng Nabi Ibrahim supados anilara ing tanah kelahiranipun sarta tiyang sepuh jaler estri lan sadherek.
3. Allah sampun janji yen badhe maringi tanah ingkang langkung sae sarta loh, lan karsa rinten dalu mboten badhe kasupen.
4. Lan kajanji turunipun badhe dipun kathahaken kados lintang ing langit kados wedhining sagara tuwin dados bangsa ageng ingkang kuwasa ing donya.
5. Nabi Ibrahim ngestokaken lajeng medal saking nagarinipun kaliyan ingkang estri nami Dewi Sarah lan abdi sawatawis.
6. Manggen ing tanah ingkang kajanjekaken sarehning Dewi Sarah mboten gadhah anak ngaturi rencang estri nami Agar kadamel selir.
7. Ibrahim inggih ndherek ingkang dados aturipun ingkang garwa, Agar tumunten kadamel selir yen gadhah anak badhe kapendhet Dewi Sarah.
8. Agar nglairaken putra jaler kanamekaken Ismangil kang nurunaken bangsa Arab utawi Muhammad ingkang kaanggep Nabi panutan.
9. Satunggiling dinten Nabi Ibrahim damel kurban ngaturaken pun Ismangil ndarbenana tanah ingkang kajanjekaken.
5.10. Gusti Allah anampik dhateng Ismangil dhawuhipun dudu iku ingkang darbe waris saka Sarah badhe nglairaken anak lanang ingkang sun pilih.
11. Bocah iku kang bakal sun anggep nduweni warisan kang sun janjekake iku kang nurunake Nabi panutan yaiku Ratu Adil.
12. Nabi Ibrahim sareng yuswa satus gangsal taun kadhawuhan tetak saabdinipun sadaya Ibrahim inggih ngestokaken dhawuh wau.
13. Sareng sampun tetak Dewi Sarah lajeng peputra jaler kaparingan nami Iskak menika ingkang nurunaken Nabi panutan.
14. Wiwit tetak saking Ibrahim sampuning tetak lajeng peputra, Allah sampun nerangaken turunipun saking Adam mboten kaanggep.
15. Sareng bapa Adam dosa, Allah mboten nganggep dhateng turunipun bangsa ingkang kaanggep dening Allah namung turunipun Ibrahim inggih bangsa Yahudi.
16. Turunipun Ibrahim ingkang saking Iskak nurunaken Sang Panebus, sareng Sang Panebus sampun miyos mboten pilih bangsa yen manut dhawuhipun.
17. Pundi ingkang kawastanan bangsa enggal inggih menika bangsa Katolik sareng sampun kabaptis dados bangsa suci jalaran sampun katebus dosanipun.
IV. NABI IBRAHIM KUMANDEL DHATENG ALLAH.
5.1. Putranipun Nabi Ibrahim ingkang saking Agar nami Ismangil sareng sampun ageng sok kurang hurmat dhateng Dewi Sarah ing ngriku Dewi Sarah matur dhateng Nabi Ibrahim.
2. Aturipun Dewi Sarah pawongan samenika saanakipun supados katundhunga Ibrahim sareng mireng semu duka Allah dhawuh dhateng Ibrahim mekaten dhawuhipun.
3. Eh, Ibrahim sira aja marengut ulatira apa ingkang dadi ature Sarah bojonira sira kudu nuruti awit ature Sarah iku saka Ingsun.
4. Agar lan Ismangil nunten katundhung saking griyanipun Dewi Sarah nunten manggen ing tanah Arab wonten ing ngriku dados wiwitanipun tiyang ingkang manggen ing tanah ngriku.
5. Ibrahim lan Sarah tresna sanget dhateng ingkang putra Iskak rinten dalu mboten kasupen, mila mekaten awit putra namung setunggal menika lan mbangun turut dhateng rama ibu.
6. Kejawi mekaten lahiripun ingkang putra Iskak Ibrahim sampun sepuh Dewi Sarah sampung lungse dados sadaya tiyang mboten maiben manawi Ibrahim tresna sanget dhateng ingkang putra.
7. Anuju satunggiling dinten, Gusti Allah badhe nyobi kumadelipun Ibrahim punapa tresna dhateng ingkang putra makaten dhawuhipun.
8. Eh, Ibrahim anakira Iskak kang sira tresnani gawanen marang gunung Horeb, ana ing kana gawenen kurban marang Allah ira ingkang mengku gesang.
9. Ibrahim sareng mireng dhawuh wau kaget sanget sanalika ngunandika uripku saka Allah anane anakku saka Allah saiki kapundhut iya sumangga.
10. Iskak ingkang putra tumunten kabekta dhateng redi ingkang sampun kadhawuhaken badhe kapejahan kadamel kurban, Iskak mbekta kajeng ingkang badhe kangge ngobong kurban.
11. Wonten ing margi Iskak matur rama sadaya pirantos sampun wonten wangsul mendanipun pundi, Ibrahim sumedhot sanget panggalihipun mireng aturipun ingkang putra.
12. E, ngger Allah piyambak kang bakal maringi wedhuse sareng latu sampun dados Iskak kacepeng nunten kabanda katumpangaken kajeng badhe kasembeleh, peso sampun tumempel.
5.13. Tumunten wonten malaekat nyandhak astanipun Nabi Ibrahim, dhawuhipun: eh, Ibrahim, Allah wus narima pangandelira, bocah iku aja sira kapak-kapakake.
14. Ibrahim tumunten noleh sumerep menda jaler singatipun kacanthel ing oyot kajeng, lajeng kacepeng kadamel kurban lintunipun Iskak menika prasemonipun.
15. Iskak manggul kajeng badhe kangge ngobong kurban, Gusti Ratu Adil manggul kajeng salib kadamel nandhang sangsaranipun wonten redi Golgota.
16. Iskak kadamel kurban kirang sakedhik meh pejah lajeng angsal pitulungan saking Allah kalintonan menda, minangka sesulihipun, menda estu pejah kangge kurban.
17. Makaten ugi kula sadaya sampun kacadang ukuman geni naraka ingkang tanpa pungkasan wusana angsal pitulungan saking Allah kula mboten estu kaukum.
18. Ukuman kula sampun katebus dening Gusti, kula ingkang sakeca Gusti ingkang sangsara, nanging kula kedah nglampahi dhawuhipun salaminipun gesang.
19. Aduh Gusti kula menika sinten teka sampeyan welasi kelangkung-langkung menika menapa piwales kula namung pejah gesang kula ndherek dhateng Gusti.
20. Kula gadhah prajanji mboten badhe nglampahi dosa sakiyat kula, kula badhe nanggulang dhateng sadaya godha Gusti ngidinana sakathahing janji kula.
21. Kados pundi sagedipun kalampahan yen mboten angsal pitulungan mboten saged saestu mila Gusti ingkang abdi sadaya nyuwun pitulungan Dalem Roh ingkang Suci.
V. NABI ISKAK MBERKAHI INGKANG PUTRA.
5.1. Nabi Iskak kagungan garwa ingkang nami Dewi Rebekah, Rebekah kagungan putra jaler kalih ingkang sepuh nami Esap ingkang anem nami Yakub.
2. Esap pedamelanipun mbeburu Yakub padamelanipun angen raja kaya. Satunggiling dinten Yakub nggodhog kacang.
3. Esap dhateng saking mbeburu kraos luwe sumerep Yakub ngadhep panganan Esap nembung dhateng ingkang rayi aku njaluk kacangmu.
4. Wangsulanipun Yakub yen pambarep sampeyan kasukakaken dhateng kula inggih kula sukani yen mboten kula mopo.
5. Panimbangipun Esap pembarep apa perlu kanggo aku kang perlu amung pangan ing ngriku Esap kasumpah dados nem Yakub dados sepuh.
6. Sareng Nabi Iskak sampun sepuh kagungan gerah mripat ing ngriku dhawuh kaliyan ingkang putra aku sadiyanana panganan ingkang enak.
7. Awit aku arep paring berkah Esap lajeng dhateng wana pados bebujengan Yakub ngrumiyini nyediakaken dhaharan.
8. Matur dhateng ingkang rama sumangga rama kula aturi dhahar sasampunipun dhahar lajeng ndangu kowe sapa Yakub matur prasaja.
9. Kula putra sampeyan ingkang sepuh Nabi Iskak nunten berkahi Yakub sasampuning tampi berkah lajeng kesah Esap nungka sowan.
10. Esap matur sumangga rama kula aturi dhahar, Iskak kaget kowe sapa, Esap matur kula putra sampeyan ingkang sepuh Esap.
11. Iskak dhawuh berkah kang dak wenehake kowe wus ditampani Yakub berkah saka Allah aku wus ora nduweni.
12. Esap lajeng nangis aturipun kula mugi sampeyan berkahi dhawuhipun Iskak turunmu bakal ngawula sadulurmu.
13. Saderengipun kalampahan Esap yen pembajeng mboten perlu sareng berkah katampi Yakub sumerep perluning pembajeng.
14. Bodhonipun Esap sami kaliyan tiyang samenika, tiyang kathah ingkang kapencut dhateng sawarnining tetedhan.
15. Utawi kapencut barang ingkang katingal sanajan dipun awisi ing Allah angger remenipun mboten nggalih mbenjingipun.
16. Dhawuhipun Allah kagalih kirang perlu wulangipun Pasamuwan Suci kakinten mboten migunani sareng dumugi ing janji.
17. Saweg sumerep perluning agami tiyang ngestokaken dhawuhing Allah badhe tampi ganjarang tiyang murtad tampi ukuman.
VI. YAKUB LOLOS DHATENG NAGARI
PANDAN ARAM.
5.1. Yakub sasampuning tampi berkah ajrih kaliyan Esap mila lajeng anilar tanahipun anjujuk nagari Pandan Aram manggen ing griyanipun Laban pernah bapakipun ageng.
2. Sareng yuswa kawan dasa taun krama pikantuk putranipun Laban lajeng apeputra kalih welas jaler sadaya wonten ing ngriku ngantos lami nunten wangsul dhateng tanahipun.
3. Lampahipun Yakub saking Pandan Aram wonten ing margi dipun katingali dening malaekat kadhawuhan santun nami Israel, Yakub nunten manggen ing tanah Kenangan.
4. Tanah Kenangan menika ingkang kajanjekaken dening Allah dhateng Ibrahim wiwit menika Nabi Yakub saturunanipun sadaya kasebut bangsa Israel.
5.5. Nabi Yakub sugih raja kaya nalika samanten putranipun ingkang sadasa sampun ageng-ageng padamelanipun angen, Yusup lan Benyamin taksih alit wonten griya.
6. Yusup dipun tresnani dhateng ingkang rama jalaran purun ngaturaken kalepataning sadherek dhateng ingkang rama mila sadherekipun sami sengit dhateng Yusup.
7. Sok makaten adatipun tiyang ingkang lepat wonten ingkang ngemutaken malah sengit kirang panarima kagalih ingkang ngemutaken wau gething menika lepat sanget.
8. Yen tiyang dasaripun sae mangka nerak larangan wonten sadherek ingkang ngemutaken ing manah bingah sanget nglairaken panarima sarta nurut dhateng Gusti Allah.
VII. YUSUP KASADE DHATENG MESIR.
5.1. Anuju satunggiling dinten Yusup matur dhateng ingkang rama, sumpena sami dhateng sabin sami nggedhengi gandum ing ngriku gedhenganipun para kadang sujud dhateng gedhenganipun Yusup.
2. Sumpena ingkang kaping kalih aningali srengenge rembulan tuwin lintang sewelas sami medhak sujud ing piyambakipun. Nabi Yakub kirang seneng ing penggalih.
3. Lajeng ngandika dhateng Yusup impenmu iku kabeh apa bakal bisa kelakon yen aku lan ibumu sujud marang kowe para kadang lajeng wewah sengit dhateng Yusup.
4. Satunggiling dinten Yusup kautus ingkang rama anuweni para kadang anggenipun sami angen para kadang sareng sumerep Yusup dhateng lajeng sami reraosan.
5.5. Wicantenanipun iku tukang ngimpi teka ayo padha dipateni, sareng sampun kadedelan lajeng kacemplungaken ing sumur, renhing ketiga sumur wau asat.
6. Mboten antawis dangu wonten tiyang dagang bangsa Ismangil Yusup kasade pajeng tigang dasa rupiyah perak lajeng kasade malih dhateng patih Mesir.
7. Jubahipun Yusup lajeng kasuwek dening para kadang kacipratan getihipun menda kaaturaken dhateng ingkang rama Nabi Yakub muwun lan sesambat dhateng Gusti Allah.
8. Mila makaten Yusup dipun kinten kamangsa kewan galak mboten nginten yen kasade sadherekipun Yusup wonten ing Mesir.
9. Pontifar ing Mesir pitados sanget dhateng Yusup kapasrahan nguwasani sadaya gadhahanipun Yusup anglampahi dhawuh sarta ngabekti dhateng Allah ingkang sanyata.
VIII. YUSUP KAJUMENENGAKEN PRABU ANOM.
5.1. Yusup pisah lan ingkang rama sarta ingkang sengit dhateng para sadherek manggen ing tanah manca mboten supe dhateng Allah ingkang paring gesang.
2. Yusup menika warninipun bagus tiyang estri kathah ingkang kapencut malah garwanipun patih kasemaran sanget asring nembung dhateng Nabi Yusup.
3. Kaajak lampah jina nanging Yusup pugeng mboten purun saking panasing manah matur dhateng ingkang garwa ndakwa Yusup menawi badhe ngremeni.
4. Patih sareng mireng aturing garwa duka sanget Yusup kalebetaken ing kunjara wonten ing ngriku kadadosaken tukang kunci.
5. Ing kunjara ngriku wonten abdinipun ratu kalih sami nyumpena Yusup sasampuning anarbuka sumpenanipun tiyang wau
6. Ingkang satunggal katarbuka kirang tigang dinten badhe kawangsulaken padamelanipun lami ngladosi sang prabu dados tukang minum
7. Yusup mitukas prakawisipun sanget katur ing sang prabu abdi kang satunggalipun kirang tigang dinten badhe kapejahan
8. Panarbukanipun cocok sadaya nanging tukang minuman kasupen dhateng Yusup mangka sampun kalih taun anggenipun kakunjara
9. Raja Pirangon sumpena rambah kaping kalih nunten nimbali para nujum lan tiyang pinter ing Mesir sadaya kadhawuhan anarbuka sumpenan dalem.
10. Satunggil mboten wonten ingkang saged anarbuka sumpena dalem sang prabu, sang prabu duka sanget badhe ngukum pejah pujangga lawan nujum
11. Nalika semanten tukang minuman saweg emut dhateng Yusup nunten matur ing sang prabu sang nata rena sanget nunten dhawuh nimbali
5.12. Yusup sasampunipun sowan sang prabu ngandika ingsun ngimpi ndadekake susahing galih ingsun awit dhatan ana kang bisa narbila
13. Impen ingsun kang sepisan ndeleng sapi pitu lemu-lemu banjur kauntal sapi pitu kuru-kuru kang nguntal meksa isih kuru
14. Kapindhone ingsun ndeleng pari pitung wuli becik mentes isine nuli kauntal ing pari pitung wuli kang gabug meksa isih gabug
15. Yusup matur Allah piyambak ingkang saged narbuka lembu pitu ingkang lema lan pari pitung wuli ingkang mentes menika sami tegesipun.
16. Lembu pitu ingkang kera lan pantun pitung wuli ingkang gabug menika timbanganipun pitung taun awis tedha pitung taun mirah tedha.
17. Milanipun salebeting mirah tedha panjenengan damela gedhong kadamel nandho pantun mbenjing yen awis tedha tiyang Mesir mboten kirang.
18. Sang prabu nunten ngandika ora ana wong katunggalan ing Allah kajaba kowe mulane awit dina iki sira dadi ratu.
19. Ingsun ana nduwurira sira aneng ngisor ingsun nguwasani wong Mesir kabeh bab gawe gedhong tandhon pari sun pasrahake sira.
20. Sadaya cariyos ingkang kasebat menika prasemoning Yusup kasade para kadang saged dados ratu wonten ing tanah Mesir.
21. Makaten ugi Gusti Yesus kasade dening Yudas pajeng tigang dasa rupiyah sareng saking seda dados Ratu ing donya lan swarga.
IX. NABI YAKUB KABOYONG DHATENG MESIR.
5.1. Nabi Yusup jumeneng prabu anom salebeting pitung taun mirah tedha tiyang tani kapundhut pawedalipun pantun sapara gangsal.
2. Tiyang Mesir sadaya sami eram salaminipun ing Mesir mboten wonten pamedaling taneman kados salebeting pitung taun menika.
3. Mila pinten-pinten atus gedhong kebak pantun malah kirang panggenan beras pantuning tanah Mesir mboten wonten ajinipun.
4. Sareng dumugi wolung taunipun ing Mesir mboten wonten taneman medal ngantos pitung taun mila tiyang Mesir miskin sanget.
5.5. WIWIT NEMPUR
Wiwit nempur dhateng Nabi Yusup sareng arta lan barang sampun telas sabin griya pekawisanipun katur ing sang prabu lan saanak rakyatipun
6. Tanah Mesir saisinipun sadaya sampun dados kagunganipun Yusup nagari sanes ugi awis tedha sadaya nempur dhateng tanah Mesir.
7. Nabi Yakub saputranipun mireng yen tanah Mesir gadhah uwos putranipun kang sadasa kadhawuhan nempur mbekta unta lan kuldi.
8. Sareng dumugi ing Mesir sowan dhateng Yusup nanging sadaya sami pangling mboten nginten menawi menika sadherekipun para kadang sadaya nyembah.
9. Yusup mboten pangling dhateng sadherekipun pandangunipun radi sengol, ing batin welas sanget Rubin ngaken yen gadhah sadherek kalih welas.
10. Ingkang satunggal kantun ing griya ingkang satunggal ical mboten kantenan Yusup ngandika yen mengkono kowe kalilan mulih nggawa beras.
11. Sadulurmu siji kariya sadulurmu kang koaturake ingsun arep weruh sareng para kadang dumugi ing griya matur dhateng ingkang rama Yakub.
12. Aturipun: rama ratu Mesir maiben kula sadaya dipun wastani tiyang nelik mila kula matur yen gadhah sadherek kalih welas.
13. Dhawuhipun sang prabu arep nyatakake yen bocah iku gawanen yen kowe bali sedulurmu kang siji kariya kene.
5.14. Yakub kaget sanget aku ora nglilani a yen Bunyamin kogawa apa aku kopurih mati Yusup wus ilang Semangun ana Mesir.
15. Sareng uwos sampun telas dhawuh nempur malih nanging putra matur mboten purun yen Bunyamin mboten kabektakaken plaur pejah kaliren.
16. Dangu-dangu Yakub nglilani para putra dhateng Mesir ambekta Bunyamin sareng dumugi ing Mesir Semangun ndherek sowan ing sang prabu.
17. Yusup sareng ningali Bunyamin lajeng mlebet kamar muwun tumunten medal manggihi para kadang lajeng kadhawuhan sami nedha.
18. Sasampunipun sami nedha kadhawuhan ngiseni uwos bagoripun Bunyamin kaisenan gelas jene pangunjukan sang prabu.
19. Para kadang bidhal mantuk watawis tebihipun kadhawuhan wangsul bagoripun kagledah gelas jene pinanggih ing bagoripun Bunyamin.
20. Sang prabu ngandika kepriye teka kowe nglakoni mangkono wis kowe padha mulih adhimu kanggonan barang kariya ing kene.
21. Para kadang nyembah sarta nangis ngaturaken pejah gesangipun Yusup sampun mboten kuwawi ngampet luh ngrangkul para kadang sarta muwun.
22. Dhawuhipun aku iki Yusup sadulurmu kang koedol kowe aja wedi Allah wus karsa ngutus aku mrene dadi pangungsenmu kabeh.
23. Para kadang kalilan mantuk sareng dumugi ing griya matur dhateng ingkang rama yen Yusup taksih gesang dados ratu wonten ing tanah Mesir.
24. Nabi Yakub bidal dhateng Mesir saanak putunipun gunggung jiwa tiyang pitung dasa Yusup amethuk mbekta kreta kencana.
25. Nabi Yakub angrangkul ingkang putra sarta ngandika: besuk Allah bakal mbalekake kowe marang tanah Kenangan.
X. MUSA LOLOS DHATENG MADAYIN.
5.1. Nabi Yakub lan putra wayah manggen ing tanah Golasen siti ingkang jembar sarta loh wonten ing Mesir pitulas taun nunten seda yuswanipun satus kawan dasa pitu taun.
2. Saderengipun seda amberkahi dhateng ingkang putra sadaya ngandika ngestokaken dhawuhipun Gusti Allah sarta nerangaken turunipun badhe kawangsulaken.
3. Ing tanah ingkang sampun kaprasetyakaken dening Allah dhateng Ibrahim sasampuning rampung ngandika Nabi Yakub lajeng seda kasarekaken ing tanah Kenangan kempal leluhuripun.
4. Bangsa Israel manggen ing tanah Mesir sampun pinten-pinten taun Yusup lan para kadang sampun pejah sadaya ratunipun sampun gantos gumantos bangsa Israel sansaya kathah.
SADERENGIPUN………….
5. Ratu enggal sampun mboten kemutan dhateng Yusup mila dhawuh dhateng kawulanipun wong Israel iku wis akeh banget ing besuk bakal nundhung wong Mesir saiki dhawua dukun bayi.
6. Yen ana bayi lair lanang patenanan Musa tumunten lair sarehning bayi wau bagus kaumpetaken ing tiyang sepuhipun ngantos umur tigang wulan dangu-dangu kaweden.
7. Musa kalebetaken ing peti kabucal dhateng bengawan dipun panggih dening putranipun raja Pirangon Musa kagulawenthah wonten ing kadhaton kawulang kapinteranipun bangsa Mesir.
5.8. Sareng sampun ageng sumerep menawi bangsanipun kasiya-siya kadhawuhan nyambut damel ingkang Musa asring mirsani wonten tiyang Mesir paben kaliyan tiyang Israel.
9. Tiyang Mesir wau pejah kagebag dening Musa ing ngriku Musa ajrih wangsul dhateng kadhaton nunten lolos dhateng nagari Medayin manggen ing griyanipun panghulu nami Sintro.
10. Wonten ing Madayin Musa kadaupaken kaliyan anakipun Sintro nami Reporah Musa padamelanipun angen rinten dalu kareksa dening Allah ingkang Mahaluhur.
XI. MUGI SANG HYANG ROH SUCI
ÈNGGAL RAWUH
1
Dipun kidungaken mawi nada andhap
R. Rawuha Roh ingkang Suci. Sampèyan Dalêm tuwèni manah ingkang sampun kaêrèh karsanipun ingkang murba.
S. Astanipun Hyang Tri Mulya, Kriya sak-langkung wignya, pakaryan Dalem murniya, angungkuli samukawis.
R. Rawuha Roh ingkang Suci. Sampèyan Dalêm tuwèni manah ingkang sampun kaêrèh karsanipun ingkang murba.
S. Astanipun Hyang Tri Mulya, Kriya sak-langkung wignya, pakaryan Dalem murniya, angungkuli samukawis.
R. Rawuha Roh ingkang Suci. Sampèyan Dalêm tuwèni manah ingkang sampun kaêrèh karsanipun ingkang murba.
2
Dipun kidungaken mawi nada inggil
R. Maruta napasing Allah, angiliri para tumitah, wit-witan sagêda tuwuh, pra kéwan angsala gêsang.
S. Astanipun Hyang Tri Mulya, Astanipun Hyang Trimulya, Hyang Trimulya, Astanipun, Kriya saklangkung wignya.
R. Maruta napasing Allah, angiliri para tumitah, wit-witan sagêda tuwuh, pra kéwan angsala gêsang.
S. Astanipun Hyang Tri Mulya, Astanipun Hyang Trimulya, Hyang Trimulya, Astanipun, Kriya saklangkung wignya.
R. Maruta napasing Allah, angiliri para tumitah, wit-witan sagêda tuwuh, pra kéwan angsala gêsang.
3
Dipun kidungaken mawi nada andhap
R. Astanipun Hyang Tri Mulya, Astanipun Hyang Trimulya, Hyang Trimulya, Astanipun, Kriya saklangkung wignya.
S. Maruta napasing Allah, angiliri para tumitah, wit-witan sagêda tuwuh, pra kéwan angsala gêsang.
R. Astanipun Hyang Tri Mulya, Astanipun Hyang Trimulya, Hyang Trimulya, Astanipun, Kriya saklangkung wignya.
S. Maruta napasing Allah, angiliri para tumitah, wit-witan sagêda tuwuh, pra kéwan angsala gêsang.
R. Astanipun Hyang Tri Mulya, Astanipun Hyang Trimulya, Hyang Trimulya, Astanipun, Kriya saklangkung wignya.
4
Dipun kidungaken mawi nada inggil
R. Maruta napasing Allah, angiliri para tumitah, wit-witan sagêda tuwuh, pra kéwan angsala gêsang.
S. Astanipun Hyang Tri Mulya, Astanipun Hyang Trimulya, Hyang Trimulya, Astanipun, Kriya saklangkung wignya.
R. Maruta napasing Allah, angiliri para tumitah, wit-witan sagêda tuwuh, pra kéwan angsala gêsang.
S. Astanipun Hyang Tri Mulya, Astanipun Hyang Trimulya, Hyang Trimulya, Astanipun, Kriya saklangkung wignya.
R. Maruta napasing Allah, angiliri para tumitah, wit-witan sagêda tuwuh, pra kéwan angsala gêsang.
5
Dipun kidungaken mawi nada andhap
R. Astanipun Hyang Tri Mulya, Astanipun Hyang Trimulya, Hyang Trimulya, Astanipun, Kriya saklangkung wignya.
S. Maruta napasing Allah, angiliri para tumitah, wit-witan sagêda tuwuh, pra kéwan angsala gêsang.
R. Astanipun Hyang Tri Mulya, Astanipun Hyang Trimulya, Hyang Trimulya, Astanipun, Kriya saklangkung wignya.
S. Maruta napasing Allah, angiliri para tumitah, wit-witan sagêda tuwuh, pra kéwan angsala gêsang.
R. Astanipun Hyang Tri Mulya, Astanipun Hyang Trimulya, Hyang Trimulya, Astanipun, Kriya saklangkung wignya.
6
Dipun kidungaken bènten (turunan)
R. Tutuking Sang Maha Wikan, Tutuking Sang Maha Wikan, angêrtosa samukawis têmbung juru bangsa ing-kang mulang, sagunging umat sadarum sagungging umat sadarum.
S. Sorotipun Surya langgêng, sorotipun Surya langgêng, damêl padhang lan pêpêtêng, urubipun latu murni manasi atising manah, manasi atising manah.
R. Tutuking Sang Maha Wikan, Tutuking Sang Maha Wikan, angêrtosa samukawis têmbung juru bangsa ingkang mulang, sagunging umat sadarum sagungging umat sadarum.
S. Sorotipun Surya langgêng, sorotipun Surya langgêng, damêl padhang lan pêpêtêng, urubipun latu murni manasi atising manah, manasi atising manah.
R. Tutuking Sang Maha Wikan, Tutuking Sang Maha Wikan, angêrtosa samukawis têmbung juru bangsa ingkang mulang, sagunging umat sadarum sagungging umat sadarum.
7
R. Sorotipun Surya langgêng, damêl padhang lan pêpêtêng, Sorotipun Surya langgêng, damêl padhang lan pêpêtêng, urubipun latu murni, manasi atising manah, urubipun latu murni, manasi atising manah.
S. Toya sêkti Rohing Allah, angêdusi tiyang pitados, toya sêkti Rohing Allah, angêdusi tiyang pitados, aruming saganda mulya rumambating Tiyas rêsik.
♥ Toya sêkti Rohing Allah, angêdusi tiyang pitados, toya sêkti Rohing Allah, angêdusi tiyang pitados, aruming saganda mulya rumambating Tiyas rêsik.
R. Sorotipun Surya langgêng, damêl padhang lan pêpêtêng, Sorotipun Surya langgêng, damêl padhang lan pêpêtêng, urubipun latu murni, manasi atising manah, urubipun latu murni, manasi atising manah.
S. Toya sêkti Rohing Allah, angêdusi tiyang pitados, toya sêkti Rohing Allah, angêdusi tiyang pitados, aruming saganda mulya rumambating Tiyas rêsik.
♥ Toya sêkti Rohing Allah, angêdusi tiyang pitados, toya sêkti Rohing Allah, angêdusi tiyang pitados, aruming saganda mulya rumambating Tiyas rêsik.
R. Sorotipun Surya langgêng, damêl padhang lan pêpêtêng, Sorotipun Surya langgêng, damêl padhang lan pêpêtêng, urubipun latu murni, manasi atising manah, urubipun latu murni, manasi atising manah.
8
R. Toya sêkti, toya sêkti, toya sêkti Rohing Allah, angêdusi, angêdusi, angêdusi tiyang pitados.
S. Kanjêng Rama, Kanjêng Rama, Kanjêng Rama, amaringi. Kanjêng Putra, Kanjêng Putra, Kanjêng Putra, angintêni.
R. Toya sêkti, toya sêkti, toya sêkti Rohing Allah, angêdusi, angêdusi, angêdusi tiyang pitados.
S. Kanjêng Rama, Kanjêng Rama, Kanjêng Rama, amaringi. Kanjêng Putra, Kanjêng Putra, Kanjêng Putra, angintêni.
R. Toya sêkti, toya sêkti, toya sêkti Rohing Allah, angêdusi, angêdusi, angêdusi tiyang pitados.
Langsung kalajengaken refren “Kanjeng Rama….”
9
R. Kanjêng Rama, Kanjêng Rama, amaringi. Kanjêng Putra, Kanjêng Putra, angintêni.
S. Énggal rawuh, énggal rawuh Rohing Allah, ngêdhatona, ngêdhatona ing manah kula.
R. Kanjêng Rama, Kanjêng Rama, amaringi. Kanjêng Putra, Kanjêng Putra, angintêni.
S. Énggal rawuh, énggal rawuh Rohing Allah, ngêdhatona, ngêdhatona ing manah kula.
R. Kanjêng Rama, Kanjêng Rama, amaringi. Kanjêng Putra, Kanjêng Putra, angintêni.
10
R. Abdi Dalêm, abdi Dalêm sami nyadhong paring Dalêm, paring Dalêm Roh ingkang Suci.
S. Kula pasrah, kula pasrah jiwa raga. Kaêrèha, kaêrèha Roh ingkang suci.
R. Abdi Dalêm, abdi Dalêm sami nyadhong paring Dalêm, paring Dalêm Roh ingkang Suci.
S. Kula pasrah, kula pasrah jiwa raga. Kaêrèha, kaêrèha Roh ingkang suci.
R. Abdi Dalêm, abdi Dalêm sami nyadhong paring Dalêm, paring Dalêm Roh ingkang Suci.
11
R. Énggal rawuh Rohing Allah, énggal rawuh Rohing Allah, ngêdhatona ing manah kula, kula pasrah jiwa raga, kaêrèha Roh ingkang Suci.
S. Roh Tuwan ngaubana, Roh Tuwan ngaubana ingkang rintên kaliyan dalu, sagêda têntrêm raharja dumugi kamulyèng Swarga.
R. Énggal rawuh Rohing Allah, énggal rawuh Rohing Allah, ngêdhatona ing manah kula, kula pasrah jiwa raga, kaêrèha Roh ingkang Suci.
S. Roh Tuwan ngaubana, Roh Tuwan ngaubana ingkang rintên kaliyan dalu, sagêda têntrêm raharja dumugi kamulyèng Swarga.
R. Énggal rawuh Rohing Allah, énggal rawuh Rohing Allah, ngêdhatona ing manah kula, kula pasrah jiwa raga, kaêrèha Roh ingkang Suci.
12
R. Rawuha Roh ingkang Suci. Sampéyan Dalêm tuwèni manah ingkang sampun kaêrèh karsanipun ingkang murba. Astanipun Hyang Trimulya.
S. Astanipun Hyang Tri Mulya, Kriya saklangkung wignya, pakaryan Dalêm murniya, angungkuli samukawis. Maruta Napasing Allah.
R. Rawuha Roh ingkang Suci. Sampéyan Dalêm tuwèni manah ingkang sampun kaêrèh karsanipun ingkang murba. Astanipun Hyang Trimulya.
S. Maruta napasing Allah, angiliri para tumitah, wit-witan sagêda tuwuh, pra kéwan angsala gêsang. Tutuking Sang Maha Wikan.
R. Rawuha Roh ingkang Suci. Sampéyan Dalêm tuwèni manah ingkang sampun kaêrèh karsanipun ingkang murba. Astanipun Hyang Trimulya.
XII. NABI MUSA TAMPI DHAWUHING ALLAH.
5.1. Anuju satunggiling dinten Musa angen menda sumerep latu ageng murub nanging eron grumbul eri wau mboten kobong inggih menika cahyaning Gusti Allah.
2. Musa amurugi panggenan cahya wau nunten mireng suwara dhawuhipun: Musa talumpahira copoten awit panggenan iki papan suci.
3. Tuwan sampeyan menika sinten dhawuhipun Ingsun iki Allah, Allah Iskak, Israel, Yakub leluhurira Musa gumeter langkung ajrih.
4. Allah ngandika sira aja wedi sira Ingsung utus menyang Mesir ngirida bangsanira menyang tanah Kenangan kang wus Ingsun janjekake Musa matur kula ajrih dhateng Pirangon.
5. Punapa malih kula menika bodho kirang pinter wicara angereh bangsa samanten kathahipun Pirangon mangsa ngadela dhateng kula dhawuhipun Allah dhateng Musa.
6. Ingsun kang gawe cangkem lan gawe atining manungsa Ingsun bakal nganteni sira menyang Mesir lan Harun sadulurira dadi kantinira sowan marang Pirangon.
7. Nabi Musa bidhal dhateng nagari Madayin wangsul dhateng Mesir wonten ing margi kapethuk Harun sareng dumugi ing Mesir nerangaken dhawuhing Allah dhateng bangsa Israel.
5.8. Musa lan Harun sowan ing ngarsanipun ratu Mesir nyuwun idin bangsanipun jaler estri ageng alit kalilana ngaturaken kurban dhateng Allah wonten ing redi kang kapesti.
9. Pirangon sareng mireng aturing Musa lan Harun duka sanget malah mboten percaya dhateng Allah Musa tumunten mbucal tekenipun lajeng dados sawer ageng.
10. Musa mboten amung sepisan menika anggenipun damel mukjijat ngatingalaken kuwasanipun Allah dhateng tiyang Mesir sadaya.
11. Ratu Mesir manahipun wangkot asring ngapusi Musa lan Harun yen mukjijat ical tiyang Israel mboten kalilan kesah.
12. Makaten ngantos rambah kaping sadasa sareng mukjijat kang wekasan dados girisipun Pirangon lan tiyang Mesir sadaya saweg nglilani bangsa Israel medal saking tanah Mesir.
XIII. BANGSA ISRAEL MEDAL SAKING
TANAH MESIR.
5.1. Bangsa Israel dhatengipun ing tanah Mesir namung tiyang pitung dasa medalipun saking Mesir gunggung tiyang nem atus ewu.
2. Kejawi lare tuwin abdi Nabi Musa lan Harun kairid sareng dumugi seganten Abang bangsa Israel kendel lampahipun.
3. Gusti Allah dhawuh Musa ngacungaken tekenipun dhateng saganten sapiyak kados pinageran ing bata.
4. Bangsa sami nyabrang sareng sampun mentas sadaya raja Pirangon nututi sabalanipun mbekta tumpakan saprabotanipun sadaya.
5. Badhe amangsulaken dhateng Israel Musa kadhawuhan ngacungaken tekenipun malih toya lajeng pulih.
6. Toya saganten anangkebi bangsa Mesir sami pejah bangsa Israel ndumugekaken lampahipun.
7. Marginipun medal ing ara-ara ingkang dados pitedah ing margi yen dalu warni tugu latu murub ing ngajenging bangsa Israel.
8. Yen rinten warni mega angiyubi makaten ngantos kawan dasa taun anggenipun lelampahan saweg dumugi tanah Kenangan.
9. Alla paring tedha rupi roti agengipun samrica roti wau kawastanan mana ulamipun peksi puyuh.
10. Wontenipun roti namung nem dinten ingkang kaping pitu mboten wonten roti tumurun awit menika dinten pakendelan ingkang sanyata.
11. Anuju satunggiling dinten Musa kadhawuhan dening Allah minggah redi Sinai nampeni angger-angger sadasa bab.
5.12. Allah piyambak ingkang nyerat wonten ing papan sela Musa ingkang natahi aksaranipun ngantos kawan dosa dinten kawan dasa dalu.
13. Salaminipun Nabi Musa ngadhep ing ngarsaning Allah mboten dhahar mboten sare sasampunipun rampung Musa kadhawuhan medhak.
14. Bangsa Israel nginten Musa kapundhut piyambakan mila sami matur dhateng Harun nyuwun pangirid sanes.
15. Harun anuntun ndamelaken pedhet mas kaanggep allahipun Allah ingkang sanyata langkung bendu dhateng bangsa menika.
16. Musa sareng mriksani bangsa sami murtad duka sanget papan sela ingkang saking Allah kabanting ngantos ajur pedhet emas kaejur-ejur.
17. Saking sangeting bendu Allah badhe numpes dhateng bangsa wau Musa kathah anggenipun nyuwunaken sih pangapunten.
5.18. Allah lilih dukanipun Musa katimbalan dhateng redi malih sareng sampun siyam kawan dasa dinten kawan dosa dalu.
19. Nunten kaparingan angger-angger sadasa bab kados ingkang sampun kadhawuhaken dhateng bangsa sarta inggih lajeng dipun lampahi.
20. Angger-angger dhawuhing Allah sadasa bab ngantos samangke taksih dipun ajeni sarta dipun wajibaken dening tiyang Katolik.
21. Bangsa Israel kawedalaken saking tanah Mesir kairid dhateng tanah ingkang kajanjekaken menika prasemonipun.
22. Tiyang Katolik kamardikakaken saking panguwasaning setan ngabekti dhateng Allah yen parastra kairid dhateng Suwarga.
23. Eh, sadherek kula tiyang Katolik ageng alit jaler estri kapingin angsal Suwarga kedah nglampahi dhawuhipun.
XIV. MLEBETIPUN BANGSA ISRAEL DHATENG
TANAH KENANGAN.
5.1. Angger-angger dhawuhing Allah kalebetaken ing peti prajanjian kapernahaken ing tarub suci asmanipun Allah wonten ing ngriku.
2. Mila tarub wau kalebet suci ning suci ingkang kalilan malebet namung para imam anyaosaken kurban kangge bangsa.
3. Setaun sepisan imam kenging mlebet nyaosaken kurban obaran dhateng Allah mila panggenan wau angker sanget.
4. Bangsa sadaya mboten kenging mlebet sanajan para imam yen kirang hurmat utawi kirang suci anggepok peti wau temtu pejah.
5.5. Pranatan makaten menika kangge bangsa Israel salaminipun ngantos dumuginipun kaboyong dhateng nagari Babil.
6. Kacariyos Nabi Musa manahipun kendel ngungkuli tiyang sajagad banga Israel asring nguring-uring sarta maiben.
7. Musa tansah sabar malah nyuwunaken pangapunten ngantos kawan taun anggenipun nyabari dhateng bangsa ingkang nggrundeli.
8. Sareng lampahipun meh dumugi ing tanah Kenangan Musa utusan nelik tanah menika sampun dados ageng tur kathah sanget.
5.9. Sawangsulipun ingkang sami nelik sami ngabari dhateng bangsa yen tiyang manggen ing tanah wau ageng-ageng tur prakosa.
10. Bangsa Israel sansaya ngawon-awon dhateng Musa lan Harun ingkang pitados dhateng Allah.
11. Gusti Allah langkung bendu bangsa ingkang sami nggrundeli sami katumpes kantun ingkang umur kalih dasa taun mandhap ingkang gesang.
12. Tiyang nematus ewu ingkang saking tanah Mesir amung yuswa kalih dasa taun ingkang kajanjekaken.
13. Nabi Musa sampun sepuh yuswanipun sumerep saderengipun kalampahan dhawuh dhateng Yusak yen badhe dados gentosipun.
14. Ing satunggiling dinten Musa katimbalan dening Allah minggah redi Horeb wonten ing ngriku seda kapundhut raganipun.
15. Bangsa Israel sampun sumerep yen Nabi Musa sampun kapundhut dening Allah mila sami nangisi ngantos kawan dasa dinten.
16. Nabi Yusak ingkang dados pangiriding bangsa mbedhah negari tigang dasa kalih tumpes sadaya tiyang ingkang ngenggeni.
17. Allah sampun maringaken tanah menika dhateng bangsa Israel nagari sanes ingkang mboten katumpes sadaya dados abdinipun.
18. Sareng sampun tentrem Nabi Yusak ngedum tanah wau dhateng bongkotan kalih welas sadayanipun sarta dipun terangaken.
19. Yen kowe gumewan marang brahala ratu dadi abdimu abdi dadi bendaramu lan ora lestari manggon ing tanah iki.
20. Nanging yen kowe sasedulurmu padha mantep anglakoni dhawuhing Allah bakal lestari Nabi Yusak sasampunipun dhawuh lajeng seda.
&&&
XV. BANGSA ISRAEL NYUWUN RATU.
5.1. Nalika semanten bangsa Israel sansaya kathah ingkang manggen ing tanah Kenangan sampun pinten-pinten atus taun laminipun.
2. Nanging ratunipun dereng wonten ingkang dados ratu namung Allah piyambak utawi para nabi lan para hakim ingkang ngerehaken.
3. Bangsa kathah ingkang nyembah brahala mila Allah ngutus ratu kapir anggitik perang dhateng bangsa Israel kaesoraken.
4.1. Ing ngriku bangsa Israel nyuwun ratu
2. Kados bangsa sanes Allah ngandika dhateng Nabi Samuel adhawuh bangsa iku njaluk ratu.
5.5. Ora gelem Sun ratoni sira lungaa, marang Saul anake bongkotan Bunyamin kang wus Sun pilih sira jebadana dadi ratu.
6. Nabi Samuel sasampuning pinanggih kaliyan Saul, Saul menika gagah prakosa dedegipun ngungkuli bangsa sadaya ingkang pinilih.
7. Saul menika ratu Israel kang wiwitan bangsa sami bingah-bingah memuji dhateng ratunipun menika wuwuh dosa dhateng Allah.
8. Ing satunggiling dinten tiyang Pilistin nglurugi perang dhateng Israel manawi bangsa wau ngabekti dhateng Allah perangipun unggul.
5.9. YEN BANGSA NYEMBAH BRAHALA
Yen bangsa nyembah brahala perangipun kaesoraken-kaesoraken makaten saterusipun ewadene tansah wuwuh damel dosa dhateng Gusti Allah.
10. Saul ratu Israel ing nalika dados ratu ajrih dhateng Allah dangu-dangu tansah damel dosa ageng ing Allah keduwung sanget.
11. Anggenipun milih Saul kadadosan ratu mila Allah ngandika dhateng Nabi Samuel kadhawuhan kesah dhateng nagari Betlekem.
12. Kadhawuhan njebadi Dawud anakipun Israel bongkotan Yahuda supados dados ratu nggentosi Saul ratu Israel.
13. Dawud sasampuning kajebadan Rohing Allah ingkang wonten Saul ngalih dhateng Dawud mangka nalika menika tiyang Pilistin perang lan tiyang Israel.
14. Penggalihipun Saul bingah sanget aneges dhateng Allah mboten karsa mangsuli badhe nerang dhateng Nabi Samuel sampun seda.
15. Allah sampun angulungaken bangsa Israel dhateng astaning mengsah mila tiyang pejah mboten etangan Saul saputranipun pejah ing peperangan.
XVI. DAWUD JUMENENG RATU YAHUDI.
5.1. Sedanipun sang prabu Saul bangsa Israel pating salebar Dawud ingkang sampun kapilih dening Allah ingkang kajumenengaken anggentosi sang prabu Saul.
2. Dawud menika tiyang pinter penggalihipun sabar dedegipun pideksa warninipun bagus manahipun kendel lan mantep ngabekti dhateng Allah.
3. Bangsa Israel tresna sanget lan suyut dhateng sang prabu awit sang prabu adil lan ngemong dhateng bangsanipun prajuritipun kathah tur pepilihan.
4. Mila sang prabu saben perang mboten nate kasoran sadaya ratu ingkang nglawan kaboyong raja brananipun kathah ratu ingkang ngaturaken bulu bekti.
5. Jalaran sang prabu kenceng sanget pangabektinipun dhateng Allah bangsa Israel kadhawuhan nucekaken bandhanipun sampun ngantos damel dosa.
6. Gusti mberkahi sanget dhateng prabu Dawud namanipun sampun kasuwur ing salumahing bumi mboten wonten ratu ingkang lawan.
7. Sang prabu pinaringan pangkat ingkang luhur ratu ngiras nabi anggenipun jumeneng ratu wonten Yerusalem kawan dasa taun laminipun.
8. Kadatonipun santosa sanget raja brana tanpa petangan mangka peti prajanjian tansah wonten tarub kareksa dening turunipun bongkotan Lewi.
5.9. Mila sang prabu kagungan karsa badhe mbangun padalemanipun Allah ananging mboten saged kalampahan.
10. Allah dhawuh dhateng Nabi Natan sira Ingsun utus menyang Dawud abdinira sira tuturana ing saiki pikarepe ora njurungi.
11. Yen arep ngersakake padaleman Ingsun awit isih akeh wutahing getih Suleman anake iku kang Sun lilani mbangun padaleman Ingsun.
12. Prabu Dawud badhe mirengaken pangandikaning Allah ingkang kadhawuhaken dening Nabi Natan lajeng sumungkem ing siti matur dhateng Allah.
13. Aturipun: E, Tuwan sinten kawula menika namung siti ingkang tanpa aji dene Sampeyan Dalem sihing semanten agengipun kathah-kathah aturipun sang prabu.
14. Nalika semanten prabu Dawud sampun sepuh putranipun kathah jaler estri ingkang ginadhang nggentosi Suleman naminipun.
15. Ing satunggiling dinten sang prabu nimbali Reimam nami Saduq tuwin Nabi Natan badhe atetindhih ing prajurit imam lan nabi ingkang njebadi.
16. Suleman sasampunipun kajebadan kajumenengaken ratu Israel nggentosi ingkang rama nabi Dawud lajeng ngandika dhateng ingkang putra.
5.17. DHAWUD WUS LUMAKU ing ngarsaning Pangeran sira dadi pangareping bangsa ingkang becik enggonira lumaku ing ngarsaning ingkang Mahaluhur.
18. Anetepana pranatane lan nglakonana dhawuhe kang wis tinulis atorete nabi Musa supaya sira kerep saha ing saparanira.
19. Supaya Pangeran anetepana dhawuhe ingkang mangke lamun anakira lumaku ing ngarsaningsun tan pegat turunira nglungguhi dampar.
20. Dene yen sira lan anak turunira ora nglakoni dhawuh Ingsun dah undangake mungsuhira kang bakal mboyong bangsanira.
21. Sasampunipun mekasi kathah dhateng ingkang putra Suleman Nabi Dawud nunten seda kasarekaken kempal leluhuripun wonten ing Yerusalem.
XVII. PRABU SULEMAN YASA PADALEMAN SUCI.
5.1. Satunggaling dinten sang prabu Suleman tindak dhateng griya gebyok damel kurban obaran dhateng Allah.
2. Ing wanci dalu sumpena Allah ngatingali dhateng Suleman pangandikanipun sira nyuwuna.
3. Apa ingkang dadi panyuwunira Ingsun bakal maringi Suleman matur: Tuwan kula menika taksih lare.
4. Mangka ngerehaken bangsa tanpa wicara kula nyuwun manah padhang gampil anggen kula ngadili.
5. Allah ngandika: rehning sira mung njaluk ati padhang Ingsun bakal maringi kasugihan lan kamukten.
6. Lan Ingsun maringi ati kang wasis sarta lantip sadurunge lan sawise tan ana kang padha sira.
7. Yen sira anglakoni dhawuh Ingsun kaya Dawud bapakira, Ingsun bakal ndawakake umurira.
8. Suleman nunten kondur dhateng Yerusalem sadaya prakawis ingkang angel gampil sanget ngadili.
SATUNGGILING DINTEN………..
9. Sadaya bangsa eram sanget dhateng kapinteranipun sang prabu yasa kadhaton ingkang langkung endah.
5.10. Nunten mbangun Mesjid padalemaning Allah agengipun lan rerengganipun langkung peni.
11. Balunganipun sadaya kajeng eres lan kencana rerengganipun mas salaka jumerut inten mutiara.
12. Kasugihanipun sang prabu petangan salaka prasasat krikil tembaga mboten kangge damel.
13. Mesjid sasampunipun rampung sang prabu ngempalaken bangsa Israel para imam lan para nabi sadaya.
14. Peti prajanjian kalebetaken ing mesjid bangsa Israel surak-surak memuji ing Allahipun.
15. Asmanipun lan kasugihanipun tuwin kapinteranipun sang prabu sampun kasuwur ing salumahing jagad.
16. Mila rinten dalu dhatan wonten perang sadaya ratu ngaturaken bulu bekti ajrih dhateng sang prabu.
17. Sareng sang prabu sampun sepuh mangka kathah garwa lan putraning ratu ingkang sami nyembah brahala.
18. Dados manahipun sang prabu kirang santosa ndherek nyembah brahala kasupen dhateng Allah.
19. Mila Allah langkung bendu kraton Israel bakal pecah dados kalih kaparingaken dhateng abdinipun.
20. Suleman anggenipun jumeneng ratu kawan dasa taun nunten seda kasarekaken kempal para leluhuripun.
XVIII. KRATON ISRAEL PECAH DADOS KALIH.
5.1. Sasedanipun sang prabu Suleman ingkang putra nami Rekaban ingkang gumantos dados ratu bangsa Israel sadaya sami ngalempak matur dhateng sang prabu aturipun kula sadaya nyuwun priksa.
2. Prabu Rekaban mangsuli dhateng bangsa: sira pada njaluk katerangan apa marang ingsun wangsulanipun bilih parentah panjenengan sami kaliyan parentahipun ingkang rama kula nyuwun mopo.
3. Sadaya sami mboten nganggep dhateng sang prabu milaur damel ratu sanes nanging yen parentah panjenengan kaenthengaken kula lestantun ngabdi sang prabu mundhut timbangan dhateng pinisepuh bangsa.
4. Rembagipun para anem supados mewahi ingkang awrat sang prabu manut rembagipun para anem bangsa nunten damel ratu sanes.
5. Ingkang dipun angkat dados ratu Yoraban anakipun Natan bongkotan ingkang sadasa ndherek dhateng Yoraban kasebut ratu Israel bongkotan satunggal ndherek sang Rekaban.
5.6. Nalika menika pecahipun kraton Israel dados kalih turun prabu Dawud dipun wastani ratu Yahudi ratu kalih wau salaminipun tansah sengit-sinengitan.
7. Prabu Yoraban kuwatos bilih bangsanipun sembahyang dhateng mesjid Yerusalem dangu-dangu wangsul ndherek ratu Yahudi mila damel mesjiding brahala asujud minangka allahipun.
8. Yoraban ratu Israel kang wiwitan anyembah brahala ngantos gantos ratu tigang dasa kalih abdinipun inggih tansah miturut lelampahipun Yoraban mila Allah sanget mbendoni.
9. Pangeran animbali ratu kapir nglurugi dhateng Israel mekaten saterusipun nalika menika ingkang jumeneng ratu wekasan Hosia naminipun nunten kaboyong dhateng Asur saabdinipun.
10. Ratu Yahudi ugi kathah ingkang nyembah brahala nanging kathah ingkang lajeng tobat dhateng Allah yen nyembah brahala perangipun kaesoraken nunten nyuwun ngapunten dhateng Allah perangipun unggul.
11. Ratu Yahudi tigang dasa sekawan ingkang wekasan Yoakim naminipun sarehning gumewang ing brahala Pangeran nimbali ratu babil angrusak negari Yerusalem.
12. Peti prajanjian kapendhet dening Yeremias kalebetaken ing guwa ngantos sapriki tiyang mboten sumerep peti wau ratu Babil sabalanipun tumandang ngrayah ing Yerusalem.
13. Bekakas salebeting mesjid wau kawedalaken kabekta dhateng Babil mesjid lan kadhaton kaobong raja brana kajarah rayah tiyangipun kaboyong ingkang katilar tiyang kang rucah.
14. Saderengipun kaboyong kathah nabi ingkang ngemutaken dhateng tiyang Yahudi lan Israel supados ngestokaken dhawuhipun Allah nanging mboten nggega malah wuwuh anggenipun damel dosa.
15. Sareng sampun pinten-pinten taun wonten boyongan bangsa Yahudi sami keduwung anggenipun damel dosa mila sami nangis dhateng Allah supados sageda wangsul dhateng tanahipun.
16. Gusti Allah miyarsa sambatipun tiyang ingkang wonten boyongan mila angosikaken panggalihipun prabu Keres ratu Babil dhawuha dhateng tiyang Yahudi wangsul dhateng tanahipun.
17. Prabu Keres sasampuning dhawuh sarta masrahaken bekasipun mesjid dhateng pangareping bangsa sarta barang sanesipun ingkang perlu kadhawuhan supados mbantun turut dhateng Gusti Allah.
18. Bangsa ingkang sami wangsul dhateng Yerusalem ingkang kathah turunipun bongkotan Yahuda lan bongkotan Bunyamin tuwin tiyang Lewi sareng lampahipun dumugi sadaya sami bingah-bingah.
19. Pangareping bangsa lan para imam tumut Harun tuwin bangsa sampun kempal ngedegaken mesjid enggal sareng sampun rampung panggarapanipun nunten sami ngaturaken kurban dhateng Allah.
20. Tiyang sepuh-sepuh ingkang sampun sumerep mesjid yasanipun prabu Suleman ingkang sampun kobong sareng ningali mesjid enggal sami nangis jalaran sae rumiyin kaliyan samenika.
21. Nanging sanajan alit mesjid ingkang saweg dipun edegagen mboten kuciwa jalaran Gusti Sang Juru Slamet karsa lenggah memulang wonten ing ngriku nerangaken bab gesang langgeng ing suwarga.
XIX. GESANGIPUN MANUNGSA MBOTEN DANGU
KAWULA NGAKENI…………
5.1. Wit ingkang kategor dereng temtu pejahipun mbok menawi taksih saged gesang malih oyot ingkang alum yen pikantuk toya tentu enggal gesang.
2. Manungsa sampun temtu pejahipun sukma ingkang oncat mboten badhe wangsul dhateng raganipun badan kawula ingkang kadamel lebur saged pecah kados grabah.
3. Umuripun manungsa prasasat sadinten lampahing gesang kados mimis paletheking surya enggal serapipun tiyang ingkang lair dhatan lami nunten pejah.
4. Dinten kasenengan kawula sampun telas padhanging mripat kawula sampun ical kawula badhe mondhok ing pakuburan tilem ing panggenan ingkang sepen tur peteng sanget.
5. Kawula badhe sanjang dhateng pakuburan: O, kuburan sampeyan bapa kula para cacing badhe kula sebuti biyung lan mbak ayu tangga kula uret lan gangsir.
6. Sadherek kula mung rayap awit kang caket lan badan kula sinten ingkang saged mitulungi kawula ngluwaraken sukma kawula saking Astanipun kang Mahakuwasa.
7. Punapa ta damelipun badan ingkang kula angge gesang kula tilar ing pakuburan kabucal saking dusun ingkang rumiyin kasebat warni bagus lan ayu.
8. Samenika sampun mboten wonten ajinipun wonten ingkang saged nggesangaken badan kawula ngluwaraken sukma kawula Astanipun kang Mahakuwasa.
9. Tiyang bagus lan tiyang ayu ingkang sami kula remeni tanpa damel dhateng kula sampun mboten enget sarambut ingkang kula tumbas warni mas lan inten.
10. Timang lan sesupe gelang utawi sengkang anggen kula nyambut damel rinten dalu anandho uwos pantun lan barang sanesipun kula rencangi nyolong lan ngapusi.
11. Punapa kula saged mbekta utawi taksih kangge dhateng badan mung kangge renggan dhateng badan inggih bosok adamel bingahipun bubuk utawi cacing.
12. Gegadhahan kula sabin lembu maesa lan kapal menda tegil utawi sinjang griya pakawisanipun sampun kula tilar sadaya kagunganipun Gusti Allah.
13. Kawula mboten gadhah punapa-punapa miskin lan sugih sinten ingkang saged mitulungi dhateng badan lan sukma kawula awit kula kacepeng ing Astaning kang Mahakuwasa.
14. Sinaring dinten kelairan kawula dalunipun lan medal kawula dinten menika kasuwur wartosipun ibu kula gadhah bayi nglairaken kawula.
15. Dinten menika kenging bebendu awit badhe nyadekaken kula lair marang ngagesang dhateng kawula pancen sakeca kula pejah wonten ing wetengan.
16. Ngajal saderengipun lair awit sakedhap anggen kula gesang saweg sakedhik kasenengan kawula namung kasusahan ingkang wonten rinten dalu tansah sumelang.
17. Sampun wonten timbalanipun ingkang mengku gesang kawula katimbalan ngarsanipun Allah karawuhan utusanipun ingkang mahaluhur amecat nyawa kawula.
18. Sukma kairid dhateng mengsah kawula ingkang nggugat kawula pun setan dosa mlampah ing ngajeng kawula kadamel siksaning piawon kawula wonten ing donya.
19. Sampun pinasti sadaya tiyang badhe pejah ing mula buka badaning manungsa asal saking siti mboten antawis dangu tan kenging mboten wangsul dados siti malih.
20. Badan sampeyan sadaya sanajan bagus lan ayu sami bosok dagingipun para priyantun lan dagingipun tiyang alit badhe katedha rayap lan cacing.
5.21. SADAYA KAMUKTEN DONYA mboten wonten ajinipun mboten kenging sampeyan bekta yen sampeyan tilar donya saumpami sampeyan kagungan donya saisinipun sadaya.
22. Punapa ginanipun yen sukma sampeyan badhe kacemplungaken naraka punapa mboten langkung prayoga miskin nanging sukma sampeyan badhe mlebet dhateng swarga.
23. Sasampuning pejah sampeyan badhe dipun adili Allah mirsa ingkang wonten dasaring saganten lan dasaring bumi tuwin wonten ing pucuking redi.
24. Dosa ingkang kaumpetaken salebeting manah utawi tembung ingkang bebisikan ing senthongan ing petengan Allah sampun uninga sadaya mboten wonten ing samaran.
25. Sadangunipun gesang sampeyan taksih saged angsal pangapuntening dosa sareng lajeng pejah kantun anampi ukuman langkung awrat latu naraka ingkang langgeng.
26. Tiyang abang kaya getih marga akehing dosa yen keduwung saking awonipun badhe angsal pangapunten kaedusan lajeng pethak kados perak.
27. Sanajan dosa sampeyan sampun kaapunten mangka dereng sah sekarsanipun kedah kaesahaken rumiyin kedah medal latu pangresikan.
28. Sadaya tiyang mboten kalilan lumebet dhateng swarga kedah kabesmi ing latu pangresikan manawi sampun resik saweg dipun lilani mlebet swarga.
29. Osiking manah ingkang edan Allah menika mboten prayogi sami neda eca mangangge ingkang sae nuruti kasenengan urip sapira lawase.
5.30. ALLAH MIRSA saking swarga lelampahanipun manungsa mboten wonten ingkang sae sami kesasar sadaya awon watekipun drengki panasten gumedhe sarta landak.
31. Ingkang Mahaluhur santer bebendunipun badhe niksa sakathahing tiyang katemtokaken dintenipun anggenipun badhe niksa dhateng manungsa sadayanipun.
32. Ingkang sinuwun tumenggung adipati priyantun tiyang sugih lan miskin sadaya katimbalan ing ngarsanipun Allah kula menika inggih badhe katimbalan.
5.33. Badhe kapriksa lelampahan kula sadaya aduh Gusti kawula menika tiyang dosa lair mula yen kapriksa mboten wonten kasaenan kula.
34. Saking kenceng ing pangandelan saha bebendu tuwin sakedap kawula kaasta tuwin badan kawula remuk daging kawula sampun bosok mripat kawula dados peteng.
35. Sadherek kula sami tebih mengsah ngawon-awon kula presasat budek cangkep kula dados tiyang bisu kula ngandel ing Allah kula pasrah sukma kawula.
36. Kula ngakeni sakathahing dosa mugi Gusti paringa asih pangapunten awit kula titah Dalem piyambak kinarya ing Asta Tuwan mboten wonten sanesipun.
XX. MANUNGSA DEN ELING MRING SUKMANIRA.
1. Eling-eling sira den eling, elinga mring sukmanira aja kongsi kacemplung naraka ngudia munggah suwarga.
2. Gusti ingkang sampun karsa nebus mugi-mugi paringa pepadhang mring budi kawula sageda nglampahi karsa Dalem.
3. Sadherek kula sadaya mangga sami angestokaken nyingkiri sadaya dosa reregeding sukma kawula.
4. Ingkang dados margining swarga mboten wonten kejawi pitados ing wulangipun Gusti nglampahi budi utama.
5. Aduh Gusti mugi-mugi maringana katentreman ganjaraning gesang kawula ing donya langgeng ing swarga.
6. Gusti maringana berkah dhateng ingkang kagungan dalem katentreman ing brayatipun kadumugen ing sedyanipun.
7. Samput tamat ing tutur ing wang wewaosan ing babad suci menika samya ginanjara manggih raharja ing sapungkur warga kula sadaya.
re-written by
fr. Kristiyanta, Yoh
Selasa, 26 Juli 2005
Tidak ada komentar:
Posting Komentar